Jiwa Kepemimpinan Miturut Serat Tripama


Dening : JUMADI, S. Pd
Guru Basa Jawa
SMK Syafi’i Akrom Kota Pekalongan

Serat Tripama kadapuk saka sapupuh tembang yaiku pupuh Dhandhanggula lan
isine mung 7 bait (Pada). Patuladhan kang ana ing jiwa kaprawiran kedah duweni
watak satriya, teteg, tatag, lan tanggon jroning alabuh bangsa lan negara.
Tripama asale saka tembung tri kang ateges telu, lan pama tegese upama utawa
pepindhan. Menawa dipundapuk, tripama yaikut telung tuladha saka satriya ing crita
pewayangan; Patih Suwanda saka Maespati, Kumbakarna saka Nagara Ngalengka,
lan Adipati Basukarna saka Ngawangga. Tetelu didadeake patuladhan jalaran setya
lan labuh cipta kang luhur marang negarane, sarta luwih nggatekake wigatining
bangsa lan nagara ing sadhuwure kawigaten pribadhi lan kaluwarga. Bab iki jumbuh
klawan kapribaden Jawa sing bisa ditrapake jroning srawung ing masyarakat, bangsa,
lan nagara.


Yogya nira kang para prajurit
Lamun bisa sira anuladha
Duh ing nguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran patih Suwanda
Lelabuhananipun
Kang ginelung tripakara
Guna kaya purun kang den antepi
Nuhoni trah utama


Tegese :
Kang kudu ditindakake dening prajurit bisa niru kaya dene kang wis kacarita. Ing
jaman semana dicritakake ana prajurit kang dadi pangandel-andele Prabu Sasrabahu
raja Maespati, asmane patih Suwanda. Lelabuhane ana telung prakara, pinter, bisa,
lan wani (guna, kaya,purun). Telung prakara iku kang tansah ditindakake dening trah
utama.
Wos kang kamot ing sekar Dhandhanggula (Tripama)

  1. Serat tripama ngandharaken babagan patuladhan, tokoh kepahlawanan saka crita
    Ramayana ing perang lakon “Sumantri ngenger” Kumbakarna Gugur, lan crita
    Mahabharata lakon “Adipati Karna Gugur”.
  2. Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe sarat sarana guna, kaya,
    lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih nagarane, nurut marang
    nagara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan
    setya marang nagarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu
    Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning Gustine.
  3. Serat tripama uga ngajarake supaya dadi warga nagara kudu duwe sikep
    nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani nagarane.
    Sikep iki kayadene Kumbakarna kang bela nagarane Ngalengka saka pangamuke
    wadyabala Ramawijaya, iki minangka wuhud sikep nasionlisme.
  4. Patuladhan sabacute ing serat tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki
    minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda.
    Sanajan, wis ngerti yen dheweke iku sedhulur tuwane para Pandhawa, nanging
    nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedhulure nanging mbelani nagara
    Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.
    Jiwa kapemimpinan mring nagara ateges duweni rasa tresna marang
    nagara. Wjuding menawa tanah aire kajajah dening mungsuh kang arep ngrebut
    nagara saka panguwasane pangarsane, minangka warga nagara kudu duwe
    semangat kanggo mbela kanthi wani ngorbanake jiwa, raga lan badhane kanggo
    kamuktene nagara. Kabih kudu gelem njaga katentreman, kaslametan, lan
    karaharjaning nagara.
    Jiwa kapemimpinan kayadene unen-unen “sadumuk bathuk sanyari bumi,
    ditohi pati”. Kademok sethithik bathuk didumuk (dilecehke), utawa lemah
    sakgegem menawa diganggu, mula kudu dibela kanthi toh nyawa, menawa
    diganggu utawa dijajah wong liya. Mula saka iku nagara kudu dibelani kanthi
    tumetesing getih kang pungkasan sebab kuwi minangka wales budi marang
    nagara amarga saka rasa tresna marang tanah aire.
    Negara kang ora dibelani dening rakyate bebasan kapal ora ana anak buah lan
    nahkoda. Tansah mobat mabet kagepyok ombak samodra. Wales budi nagara bisa
    kanthi sinau jaga nuwuhake rasa aman ayem tentrem lan sanesipun.

Daftar Pustaka :
Widaryatmo, Gandung, dkk. Prigel Basa Jawa. Jakarta : Erlangga

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.

Open chat
Hallo,.
Ada yang bisa kami bantu?